Jumat, 11 Juni 2021
RENUNGAN LELAKI
Renungan kanggo para lelaki.
Bismillahirrahmanirrahim.
Ana sewijine laki sing bangga yen rabine mapan, tegap, berdaya. Deweke seneng deleng rabi sing duwe penghasilan dewek, sampe ora sempat jaluk duit belanja ning laki.
Deweke seneng deleng rabi bisa ngangkat galon, terus masang dewek, seneng deleng rabi piawi bopong tabung gas belanja terus masang dewek, masak sambil nyenyapu terus jalanang lan ngawasi mesin cuci sing lagi muter, sampe-sampe sesekali dulangi anak sing cilik kang wis belajar mangan.
Sampe-sampe rabi manek beresi gendeng kang bocor sewaktu musim udan teka.
Nalikane bengen rabi lelungan mendi-mendi jaluk diater, terus sekien mari jejaluke. Lunga ning pasar, nyusul anak ning sekolahan, ning tempat pengajian rabi lelungan gawa motor dewek.
Wahai para laki.... priye menurut pendapat sedulur...? kira-kira enak tah beli kelawan kondisi mengkenen...? Sampe-sampe ngerasa seneng ora direpoti ning rabi...?
Waspadalah wahai lelaki...! cara mengkenen dudu kondisi sing bagus.
Sejatine rumah tangga ikuh kudu saling ketergantungan anatara laki rabi.
Ora setitik rabi sing tergantung ning laki, namun ikuh wajar. Justru sing gawe hubungan tambah mesra. Karena antara laki karo rabi kudu bareng-bareng.
Bahagialah nalikane rabi jaluk cepet-cepet balik yen wayae wis sore (ang wangsul ya sampun sonten_red) karena mungkin gas wis entok sementara sega atau masakan durung mateng.
Bahagialah sewaktu rabi teriak jaluk tulung ngangkat gallon pengen dipasangnang, karena anake kebelet jaluk nginum.
Bahagialah sewaktu rabi ngrengek jaluk dianter ning pengajian, mungkin karena engko pengen raih suarga karo laki.
Bahagialah sewaktu rabi masih sering jaluk duit ning laki kanggo belanja, karena sejatine lelaki iku QOWWAM, tugase ngupai nafkah, supaya rabi rabi patuh karena ke-QAWWAMane laki.
Bahagialah sewaktu rabi jaluk dibantu kanggo nyelesenang kerjaan umah, jaluk dibatu baturi anak-anake dolanan, jaluk tulung ganti popoke anak atawa bantu bebersih anak sing teriak-teriak karena hajate usai.
Bahagialah... ning rabi sing masih bisa jejaluk ning laki, iku artine rabi masih waras, masih bisa ngungkapnang jejaluke.
Mulianang rabi, rapinang rabi nalikane rabi katone brantakan, bantu kecantikane yenta deleng rabi belepotan, tuntunen nalikane rabi dianggep ceplas-ceplos ora ngerti etika, sirami karo pengetahuan yenta rabi dianggep kampungan.
Sedurunge lelaki ngupai manfaat lan kebaikan adoh ning wong lian, pastinang dikit yen rabi sing paling awal ngerasaknang manfaat karo kebaikane laki.
Wong wadon, sing mandiri ora bakal ngemis pengen diupai, tapi wong lanang kang bertanggungjawab pasti ngupai dikit sedurunge dijaluk ning rabi.
____________
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar